Latihan Rohani Santo Ignatius (Basa Jawa)

Rp 55.000

Buku Latihan Rohani St. Ignatius wis kabukti cetha migunani kanggo umat kaya katulis ing Ènsiklik Mens Nostra déning Paus Pius XI tahun 1929: “mbiyantu laku karohanèn lan ngudi kasucianing urip srana nglelimbang dosa ing wewengkoning asih tresna Dalem Gusti lan sabanjuré napak tilas pada Dalem Sang Kristus sing manjalma dadi manungsa, gesang, sangsara, sèda lan wungu kanggo keslametaning manungsa”. Pancèné buku Latihan Rohani dudu buku wacan, nanging buku tuntunan kanggo laku karohanèn sing ing basa Spanyol diarani ejercicio. Tembung “laku” basa Jawa dhéwé surasané salaras karo ejercicio basa Spanyol sing ateges nglatih ngulinakaké srana nglakoni lan ngalami. St. Ignatius sing yasa buku cilik luwih dhisik nglakoni; déné Latihan Rohani karipta kanggo nularaké pengalaman anggoné kagulawenthah lan katuntun déning Gusti pribadi ing dalaning pamartobat luwih-luwih nalika mijèkaké wektu sasuwénéné sangang sasi ing kutha cilik, Manresa, tlatah Barcélona, Spanyol.

Ketersediaan: Stok 20

Berat 0,24 kg
Keranjang Belanja
Latihan Rohani Santo Ignatius (Basa Jawa)
Rp 55.000

Ketersediaan: Stok 20

Memerlukan bantuan?